Lirik Syiir Walisongo

Allahumma sholli wa sallim 'ala
Sayyidina wa Maulana Muhammadin
'Adada ma fi'ilmillahi sholatan
Daimatan bidawami mulkillahi
Do elingo iki zamane wis tuwo
Tuntunan agomo do dianggep kuno
Lakonono ajarane Walisongo
Sing ra kerso ojo nyacat ojo ngino

Ajarane Walisongo werno-werno
Dzikir tahlil kirim dungo lakonono
Moco Qur’an lan sholawat kulinakno
Ziaroh kubur ojo nganti dilale’no
Ono carane dakwah klawan budoyo
Umpamane koyo Sunan Kalijogo
Pituture mlebu ati ora kroso
Tuntunan agomo biso diamalno
Wis kabukten rikolo zaman sa’mono
Akeh poro manungso nyembah braholo
Banjur sadar laku musyrik ditinggalno
Podo nderek ajarane Walisongo
Ono wali asmane sunan giri
Ngajari urip iki ben ati-ati
Ojo nganti-ojo nganti kelelp geni
Sunan drajat ora mikir pangkat
Ngajari urip slamet dunya akhirat
Bebarengan moco sholawat
Wali songo manggon ing tanah jowo
sunan ampel nganti sunan kalijogo
bebarengan melebu suargo.....

No comments:

Post a Comment