Lirik Pepali Ki Ageng Selo

(*) Allahumma sholli 'ala sayyidina.
Muhammadin thibbil qulubi wadawiha
Wa'afiyatil abdani wa syifa'iha
Wa nuuril abshoori wadliyaaiha
Wa alaa alihi washohbihi wasallim
Pepali ki ageng, selo amberkahi
Ojo gawe angkuh, ojo ladak lan ojo jahil
Ojo ati serakah lan ojo celimut
Ojo buru aleman lan ojo ladak
Wong ladak pan gelis mati, Lan ojo ati ngiwo

(*)
Niruho wong mulyo, Habaib ulomo
Niyat hormat golek tsawab ujar berkah kang minulyo
Ojo sampek modo, ora keno nyelo
Luwih becik derek tindak lampah pinuji minulyo
Tembung alus ati - ati, lungguhe ojo sembrono
(*)
Sopo nandur bagus, bakal panen ugo
Seneng ayem bahagia, anak putu sak kluargo
Lamun dadi penggede, printah anak buahe
Ojo nganti keras kaku, sak seneng karepe dewe
dadiyo siro pelindung printah klawan kiri - kiro
(*)
Iling lan waspodo, dawuh kang utomo
Senengno jiwamu lan atimu, ojo salah tompo
Pitutur kang luhur, printahe agomo
Ojo simpang siur, tindak ngawur ndadekno seng soro
Dadiyo wong agung kang minulyo, tumindak sempurno
(*)
Nindaki kewajiban, kanti dasar iman
Akhlaq bagus tumus, sabar alus noto ati mapan
Ta'at lan ngabekti, perintahe gusti
Nindakno ngibadah, netepi printah amal kang pinuji
Nyandong ridlo rahmat lan syafa'at saking kanjeng nabi

No comments:

Post a Comment