Lirik Ya Robbana Ighfirlana - Habib Syech bin A.A





Lirik Ya Robbana Ighfirlana - Habib Syech bin A.A


iki

Ya Robbana Ya Robbana ighfirlana 2x..
Wawalidina wal masyayikh ajma’in 2x..
Duh Pangeran kulo nyuwun pangapuro
Kangge tiyang sepah soho guru kulo
Ugi kangge kulo lan muslim sedoyo
Ing Mekkah Madinah lan se alam dunyo
Duh Pangeran kulo nyuwun kesaenan
Kangge poro putro lan putri harapan
Mugi saged nerusaken perjuangan
Njagi Islam lan Aqidah keimanan
Duh pangeran kulo nyuwun kawelasan
Kangge poro guru kang paring tuntunan
Tuntunan Agami soho sesrawungan
Ingkang manfaati ing gesang bebrayan
Mugi gusti AllOh ngumpullake kito
Ugi tiyang sepah lan guru sedoyo
Sareng nabi lan wong kang soleh ting surgo
Mugi Alloh boten nolak dungo kito
Mugi kito sedoyo khusnul khotimah
Ing akhire mongso nalikane bekjan
Sholawat lan salam selawase mongso
Mugi katur ing Nabi kang nulung kito
Ya Robbana Ya Robbana ighfirlana 2x..
Wawalidina wal masyayikh ajma’in 2x.

No comments:

Post a Comment