Lirik Syi'ir Zaman Wes Bubrah - Majelis Rosho



Zaman iki zaman wis bubrah
Bener salah ora pati genah
Barang bener dikondo salah
Barang salah jarene lumrah


Seng turu ayo digugah
Ono maling do mlebu omah
Maling iman maling aqidah
Age tangi ayo digusah

Ojo bingung lan ojo susah
Urep ono ing jaman fitnah
Nderek kiyai nyuwun pitedah
Gondelan rapet jo nganti owah

Tondone wong ahlus sunnah
Demen kiyai ngalap barokah
Siji wadah ojo nganti pecah
Ahlus sunnah annahdiyyah

No comments:

Post a Comment